Mengenai Saya

Foto saya
Sragen, Jawa Tengah, Indonesia
Kami adalah produsen gamis akhwat dan jilbab cadar safar. 0857-2544-5132

Aja Seneng Ngrasani

Aja Seneng Ngrasani ! 🛡

🔰Asy Syaikh Muhammad Said Ruslan حفظه الله ngendika :

🌷 Para sedulur,saktemene wabah iki wis sumebar lan tambah ndadi.Wabah iki wis nguwasani lan ngrusak ati.Saktemene aku bakal takon awakmu babagan sawijining perkara.Jawaben! Cukup awakmu lan Rabbmu sing mangerteni.

🛡Apa majelis lan kumpulanmu wis resik teka rerasanan?Resik teka ngrasani wong?Sepisan maneh,apa wis resik teka rerasanan?Padahal ngrasani wong iku kalebu dosa kang gedhe.Ngrasani iku urusane karo pribadine wong liyo.

🛡Tegese,masio wis istighfar,wis taubat,lan wis ganti tumindak apik,tetep wae kudu dipertanggung jawabke urusan kehormatan wong sing dirasani mau ing ngarsane Allah.Kudu dipertanggungjawabke ana ing dina diadepake timbangan amal.

🔰Sepisan maneh aku takon,apa majelismu wis resik saka rasan - rasan?Iyo....majelismu ...majelismu....

• Sapa awakmu iku?
• Apa sing bakal mbok omongke ing ngarsanipun Allah?
• Mosok awakmu ra gelem sadar?
• Mosok ora gelem nggatekake?
• Mosok ora isin?

Wedi o awakmu marang Allah...

🎙Muga- muga Allah Taala tansah nulung lan njaga awakmu..
🎙Muga - muga Allah tansah paring pangapura marang dosa ku lan dosamu...
🎙Apa wae sing wis lan bakal awake dhewe lakoni,Allah Maha Mangerteni...
🎙 Sing diketokake lan sing didelekake,Allah Maha Mirsani..
🎙Sekabehane,mangertenono,Allah luwih pirsa marang sekabehing perkara...
🎙Allah sumerep sekabehing perkara ghaib,Allah sing nutupi kabeh tumindak ala.

لا حول و لا قوة الا بالله
و صل الله على سيدنا محمد و على آله و أصحابه...

----------
#Alfaqir
#AnNashoihAsSalafiyyah

0 Response to "Aja Seneng Ngrasani"

Posting Komentar

Tokopeci Salimah Gallery

Salimah Gallery Distributor Busana Muslim, Madu Herbal di kota Solo