Mengenai Saya

Foto saya
Sragen, Jawa Tengah, Indonesia
Kami adalah produsen gamis akhwat dan jilbab cadar safar. 0857-2544-5132

Ra Paham Basa Arab Bisa Nggarai Cilaka

Ra Paham Basa Arab Bisa Nggarai Cilaka

🔰Akeh banget wong - wong ngaji salafy sing kurang nduweni semangat kanggo sinau basa Arab.Suwe ngajine,basa Arab e kalah pinter ketimbang basa Inggris e.

🔰Ngono kuwi nek diaruh-aruhi,alasane ana sing muni: "Belajar sing penting disik.Tauhid,fiqh.Nek wis apik tauhid e,pinter fiqh e,lagi dicicil belajar basa Arab e."

🌷Kadang akeh banget alasan alasan liyane kanggo nutupi males lan cilik e perhatianne marang basa Arab,basa Al Quran.

🔰Iki lho wacanen....Ra paham basa Arab iku fatal akibat e.Iki kelas e Al Qadhi Abu Yusuf rahimahullah,ulama Ahli fiqh lan hakim agung ning jamane Khalifah Harun Ar Rasyid.

Al Kisaa-i (pakar e basa Arab) tau  rapat bareng Abu Yusuf al Qadhi lan Khalifah Harun Ar Rasyid.

🔰Abu Yusuf rada ngremehke masalah nahwu ing basa Arab.Mungkin menurute Abu Yusuf,ra pati o penting sinau nahwu basa Arab.

🌾 Tumindak e hakim agung Abu Yusuf mau dilurusake karo Al Kisaa-i,sing banjur dhawuh :
" Pak hakim,pripun keputusanipun panjenengan menawi mireng tiyang ingkang matur (أناقاتلُ غلامِك) lan setunggalipun matur : أنا قاتلٌ غلامَك
☝🏽Ingkang badhe njenengan tangkep dipun qishash ,tiyang nomer setunggal nopo tiyang nomer kalih?

🐚 Hakim Agung Abu Yusuf dawuh:
" Nik aku yo taktangkep ,takqishos kabeh.Wong padha padha mateni bocah kabeh."

🐚Krungu kaya mengkono,khalifah Harun Ar Rasyid sing mudheng basa Arab sumaur:
"Njenengan klintu.Kedahipun sing njenengan hukum qishas nggih tiyang sing pertama.Niku mpun mateni bocah tenanan.Nanging sing tiyang nomer kalih wau dereng,nembe badhe mateni.Taksih dereng dipateni."

🌾Sakmarine jaduman iku mau,hakim agung Abu Yusuf dadi muji-muji basa Arab.

👇🏻iki teks asli critane
🔰 قال الكسائي: اجتمعت أنا وأبو يوسف القاضي عند هارون الرشيد الخليفة فجعل أبو يوسف يذم النحو, فأردت أن أعرفه فضلالنحو فقلت له : ماذا تقول في رجل قال لرجل : ((أناقاتلُ غلامِك)) -بالإضافة-, وقال له آخر : أنا قاتلٌ لامَك -بالتنوين- أيهما كنت تأخذ به ؟فقال أبو يوسف آخذهما جميعا
فقال له هارون -وكان له علم العربية- : أخطأت, الذي يؤخذ بقتل الغلام هو الذي قال ((أنا قاتلُ غلامِك)) -بالإضافة- لأنه فعل ماض, وأما الآخر فلا يؤخذ لأنه سيكون في المستقبل

فكان أبو يوسف بعد ذلك يمدح العربية والنحو

🔰kisah e kaserat ing kitab Mu'jamul Adibba'.Iku sampean pirsani....salah harakat ae isa toh-toh an nyawa.

🔰Iku yo mengkono...akeh akeh e sing ra paham basa Arab jebulane taklid pasrah bongkok'an marang gurune.Gurune bener alhamdulillah,gurune salah ditanggung bareng.

❌Sedulur sedulur sing mugi dirahmati Allah.
...Monggo wulan Ramadhan sakmenika dados wulan koreksi dumateng amalan kita sedaya.Ngoreksi pikiran ingkang klintu lan salah babagan thalabul ilmi.
Kabeh ilmu agama niku penting,aja pilih kasih.

🐚Wong yo nek pinter kanggo awak e dhewe.

👍Allahul muwaffiq ilaa aqwamith thoriiq

#basaJawa
#Alfaqir
#AnNashoihAsSalafiyyah

0 Response to "Ra Paham Basa Arab Bisa Nggarai Cilaka"

Posting Komentar

Tokopeci Salimah Gallery

Salimah Gallery Distributor Busana Muslim, Madu Herbal di kota Solo